Contoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: Gethuk - LateLite

Contoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: Gethuk

Gethuk

Gethuk iku panganan jajanan utawa kudhapan sing utamane digawe saka ketela pohung . Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan.
Gethuk ana kang digawe saka tela. Rasane uga bisa werna-werna. Ana sing rasa keju, coklat, vanila, stroberi. Saliyane iki ana uga gethuk lapis, tegese gethuk kang rasane werna-werna lan didadekake siji. Umpamane gethuk lapis rasa coklat, vanila lan stroberi. Yen kepengin oleh gethuk sing warnane putih, sabecike nganggo gula pasir, kanggo sing warnane abang, sabecike nganggo gula jawa banjur yen kepengin warna ijo bisa nganggo peresan godhong suji. Tela kang dipilih kudune tela kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkreken. Biasane gethuk iki disajekake karo di tawurake parutan klapa enom ing nduwure.
Gethuk biasane disajekake kanggo cemilan karo ngombe teh. Salah sijining variasi gethuk iku carane karo digoreng. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan manawa lagi ana tamu.

Bahan:

1.    Banyu kanggo nggodhog
2.    Tela Pohung
3.    Uyah
4.    Gula pasir / Gula jawa
5.    Bahan pawarna
6.    Klapa diparut

Cara nggawe gethuk

1.    Pohung dionceki kulite lan diiris-iris kurang luwih 5 cm,
2.    Banjur dikumbah resik,
3.    Godhogen puhung nganti mateng, angin-anginen nganti kukuse ilang,
4.    Campuren puhung karo uyah sithik lan gula,
5.    Lumaten nganti lembut,
6.    Wenehana bahan pawarna yen seneng,
7.    Sajekna anget-anget karo parutan klapa enom sing ditawurake ing ndhuwure.

Contoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: GethukContoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: GethukContoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: GethukContoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: Gethuk

Contoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: Gethuk Contoh Teks Deskripsi Tentang Panganan Daerah: Gethuk Reviewed by Gemilang on November 16, 2016 Rating: 5
Powered by Blogger.