MATERI TENTANG OMAH ADAT JAWA - LateLite

MATERI TENTANG OMAH ADAT JAWA

MATERI TENTANG OMAH ADAT JAWA
Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi Pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
Bagian:
1.    Pendhapa: diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
2.    Pringgitan neng tengah-tengah
3.    Dalem ageng utawa dalem: sing dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwa, Senthong tengah lan Senthong tengen
4.    Gandhok lan pawon
Jenis Variasi Bangunan Joglo
1.    Joglo limasan lawakan utawa “joglo lawakan”.
2.    Joglo Sinom
3.    Joglo Jompongan
4.    Joglo Pangrawit
5.    Joglo Mangkurat
6.    Joglo Hageng
7.    Joglo Semar Tinandhu

MATERI TENTANG OMAH ADAT JAWA MATERI TENTANG OMAH ADAT JAWA Reviewed by Gemilang on October 16, 2016 Rating: 5
Powered by Blogger.