Filsafat Tembang - Tembang Macapat - LateLite

Filsafat Tembang - Tembang Macapat

Filsafat Tembang Macapat

Filsafat Tembang - Tembang Macapat

Tembang macapat menika nggambaraken sangkan paraning dumadi, nggambaraken lelampahanipun manungsa titahing Gusti Allah, wiwit lair ngantos katimbalan dening Gusti (dipun pocong) tembangipun PUCUNG.

1. Mijil

tegesipun lair, gambaranipun manungsa lair wiwit ngirup hawa seger lan nyipati gumelaring bawana.

2. Maskumambang 

gambaranipun bayi utawi lare kados dene mas ingkang kummabang, dibopong, dilela-lela, digendhong sadaya ketingal endah lan tresna asih. Contonipun si ibu utawi bapa dipun pipisi larenipun mboten duka malah bombong dene larenipun pipis lancar.

3. Sinom 

manungsa ngalami mudha lan taruna (masa remaja, masa yang paling indah)

4. Asmaradana

wiwit nandakake raos tresna lan ditresnani dening jalu lan pawestri. (saling mencinta antara pria dan wanita).

5. Gambuh

antawisipun kulawarga pemuda lan kulawarga pemudi sami nyuwun ngertos, kados pundi, wonten pundi sesambungan mudha lan mudhi sadaya kepengin ngertos lan verifikasi.

6. Kinanthi 

tumanduking raos (saling cinta) kalawau dening tiyang sepuh lajeng dipun kanthi dipun gathukaken dipun pratitisaken ing wasana kinanthi dening para sepuh lenggah ing pelaminan.

7. Dhandhanggula

 "dandang" : pengarep arep (harapan) "gula": legi, manis, becik.
Sadaya pihak nggadhahi pengajeng ajeng amrih sadaya wilujeng lan sae tulus widada

8. Durma

saklebetipun mangun bale wisma mesthi wonten udur (silang pendapat) nanging kedah pinter anggenipun nyirep (trampil mengatasi/ memanaj konflik)

9. Pangkur

hubungan suami istri sampun ewah kados kakang lan adhik, sare inggih mungkur, malah ugi wonten ingkang sare piyambak-piyambak nanging hubungan tetap harmonis.

10. Megatruh

ruhipun pegat, tegesipun katimbalan gusti (wafat)

11. Pucung

telasing sadaya gegayuhan, ambisi lsp. Sampun surut ing kasedan jati (dipun pucung utawi pocong)

Filsafat Tembang - Tembang Macapat Filsafat Tembang - Tembang Macapat Reviewed by Gemilang on February 10, 2017 Rating: 5
Powered by Blogger.